kaos muslim - DISTRO MUSLIM : Kepyakan Gerakan Masjid Bersih Ramadhan

Sabtu, 06 Juli 2013

Kepyakan Gerakan Masjid Bersih Ramadhan


Ngayogyakarta, www.jogjatv.tv – Kangge mahargya dhatengipun Wulan Siyam, remaja masjid ingkang manunggal salebeting Komunitas Cinta Masjid, dinten Jemuwah (5/7) siyang ngepyakaken Gerakan Masjid Bersih Ramadhan (Gembira). Kridha punika, mujudaken salah satunggalipun kupiya kangge njurung wiranem supados purun makmuraken masjid.


Kepyakan Gerakan Masjid Bersih Ramadhan utawi Gembira ing serambi Masjid Gedhe Kraton Ngayogyakarta punika, dipun tindakaken sasampunipun Sholat Jumat. Miwiti rerangkening kridha sadangunipun Wulan Siyam, Jumatan pungkasan saderengipun Wulan Siyam samangke, dipun adani pengaosan, kanthi Ustadz Amin Rais, ingkang ngandharaken bab kautaman nindakaken siyam ing wulan Ramadhan.

Gembira samangke, dipun gagas dening para nem-neman  masjid ingkang ngantos samangke tansah nengenaken resiking masjid. Koordinator Gerakan Cinta Masjid, Agung ngajab, Gembira saged njurung gregetipun para remaja masjid lan wiranem sanesipun, kangge nggatra kamakmuran  masjid.

Gerakan ingkang badhe dipun kepyakaken ing 200 masjid sawewengkon Kota Yogyakarta, dinten Minggu (7/7) benjing,  mujudaken salah satunggaling kridha kangge  mahargya dhatengipun Wulan Siyam kanthi raos bingah. Ketua Panitia Gembira, Mursida Rambe mratelakaken, Gembira langkung nengenaken resiking papan kangge wudhu lan pekiwan, ingkang ngantos samangke kirang dipun gatosaken dening takmir masjid lan para jamaah. Kangge mujudi resiking masjid, pehakipun tembayatan kaliyan 250 relawan lan ladosan cleaning service kangge reresik wewengkon masjid ingkang kawawas kirang murwat.

Kangge njurung kridha kasebat, dinten Jemuwah siyang,  panitia tembayatan kaliyan Dewan Masjid Kota Yogyakarta masrahaken bantuwan piranti reresik dhateng 14 kecamatan ing wewengkon Kota Yogyakarta lan masangaken pin dhateng para relawan Gembira. (Ernyta – Ardi)

50  0 1  2
- See more at: http://www.jogjatv.tv/berita/05/07/2013/kepyakan-gerakan-masjid-bersih-ramadhan#sthash.oQ37V6oD.dpuf

Tidak ada komentar:

Posting Komentar